Selamat Hari Jadi Kabupaten Wonogiri ke-281 >> Maju Mandiri Sejahtera

Selamat Hari Jadi Kabupaten Wonogiri ke-281 >> Maju, Mandiri, Sejahtera

Berikut Sejarah Singkat Kabupaten Wonogiri 

SEJARAH CEKAK

DUMADOSIPUN KABUPATEN WONOGIRI

Sejarah Kabupaten Wonogiri, keplasipun dinten dumadosipun mengku werdi ingkang wigatos sanget,  murih santosaning jatidhiri lumeber ing reh kabudayan. Langkung saking kalih abad dangunipun, Wonogiri minangka wewengkon ingkang linangkung, lebet lelabetannipun jumurung dhateng karsanipun Raden Mas Said anggenipun memalangi salwiring budi candhala nalika samanten. Wewengkon kalawau dunungipun ing Nglaroh, Selogiri, Kabupaten Wonogiri.

Wewengkon menika cikal – bakal madeging organisasi pamarentahan sanadyan kapetang taksih prasaja, lugu-lugas sanget. Ananging ing wekdal-wekdal candhakipun tetela dados tenger thukuling greget-gumregeting lelabetanipun para kawula. Krenteg andadosaken wewengkon Nglaroh, Wonogiri minangka punjering lelabetanipun Raden Mas Said thukul saking para kawula Wonogiri piyambak ingkang pinandhegan Wiradiwangsa sarta pikantuk panjurung saking kawula Wonogiri sadaya.

Wiwit wekdal punika Nglaroh, Wonogiri dados wewengkon ingkang wigatos sanget, ingkang saklajengipun minangka seksi dumadosing kadadosan-kadadosan ingkang ngemu sejarah. Rikala dinten Rebo Kliwon, 3 Rabingulawal                  ( Mulud ) warsa Jimakir, windu sangara kanthi sengkalan NGRASA RETU NGOYAG JAGAD ( 1666 ) utawi Rebo Kliwon, 19 Mei 1741 ( Kahutaman Sumbering Giri     Linuwih ), Nglaroh dados cikal-bakal kadhaton kanthi winisudha para punggawa saha warangkanipun, sanadyan taksih sarwi prasaja.

Para kawula Wonogiri ingkang dipun pangarsani Raden Mas Said, sadangunipun kajajah dening Walanda sampun katingal anggenipun mboten condong dhumateng lekasing kolonial. Bab punika katitik saking manunggaling para among tani anggenipun mbalela dhumateng Walanda saha kanthi cara politik lumantar organisasi-organisasi ingkang sampun kadhapuk. Samanten ugi rikala jaman Jepang.

Kalih jaman penjajahan punika njalari thukulling raos anti-kolonial tumraping para kawula. Rikala revolusi kamardikan raos anti-kolonial, mliginipun para kawula kaneman, kaejawantahaken kanthi manunggaling tekad tumuju otonomi daerah.

Ing wekdal samangke masyarakat Wonogiri saweg sengkud makarya mbangun praja minangka sarana ngisi kamardikan. Krenteging warga masyarakat Wonogiri anggenipun arsa mbangun praja punika katingal ageng sanget, mliginipun kepengin andadosaken wewengkon Wonogiri ingkang cengkar dados wewengkon ingkang manjila saha unggul ing babagan ekonomi saha pariwisata.

Dinten dumadosing Wonogiri, 19 Mei 1741, dados sumber kakiyatan saha pamongkoging manah tumuju kamajenganing pambangunan ing Wonogiri. Dinten dumadosing Wonogiri ingkang nedahaken jatidhiri punika badhe dipun enget-enget saben taunipun saha kadadosaken pancadan pambangunan ingkang sambet-sinambet kanthi gegebengan SUKSES ( Stabilitas, Undang-Undang, Koordinasi, sasaran, Evaluasi saha Semangat Juang ).

Surya sangkala KAHUTAMAN SUMBERING GIRI LINUWIH (1741), inggih pepenget Nglaroh minangka cikal-bakal dumadosing pamarentahan ing Wonogiri mengku werdi sinandi.

KAHUTAMAN        : sura, sudira, kendel, ingkang linambaran luhuring

                                     budi mamrih mulyaning para kawula.

SUMBER (ing)        : sumber, tuk, kakiyatan.

GIRI                           : redi, ancala, gunung

LINUWIH                 : linangkung, luhur, inggil.

Werdinipun kanthi mardika, kanthi raos kendel ingkang dhinasaran luhuring budi, tekad, saha krenteg ( semangat ), salwiring gegayuhan saged kasembadan.  Bab punika dipun lampahi dening raden Mas Said, inggih Pangeran Sambernyawa rikala lumawan penjajah ngantos kadhesek saha makuwon ing Nglaroh.

Lelabetanipun Pangeran Sambernyawa kasil kanthi maremaken, katitik panjenganipun sinengkak aken ing aluhur minangka adipati ing Mangunagaran kanthi jejuluk KANGJENG GUSTI PANGERAN ADIPATI ARYA MANGKUNAGARA I.

Kadadosan punika dipun dadosaken tepa-palupi dumugi sapunika. Kasudiran ingkang linambaran luhuring budi saking para pangarsaning praja, tetuwangganipun bebrayan, sarta sinengkuyung sadaya kawula Wonogiri, andadosaken wewengkon punika ingkang suwau cengkar dados wewengkon ingkang gemah ripah loh jinawi.

Minangka Songsong Agung Kabupaten Wonogiri Sasampunipun kamardikan dumugi taun 2019, sampun kapimpin dening 18 Bupati, antawisipun :

1.              SOETOJO HARDJO REKSONO ( 1946-1948 )

2.              R. DANOEPRANOTO ( 1948-1950 )

3.              R. AGUS MIFTAH DANOEKOESOEMO ( 1950-1953 )

4.              SENTOT WONGSO ADMOJO ( 1953-1956 )

5.              R. SOETARKO ( 1956-1957 )

6.              POERWO PRANOTO ( 1958 )

7.              R. YAKOP DANOE ADMOJO ( 1958-1959 )

8.              RM. Ng. BROTO PRANOTO ( 1960-1966 )

9.              R. SAMINO ( 1967-1974 )

10.         KRMH. SOEMOHARMOYO ( 1974-1979 )

11.         DRS. AGOES SOEMADI ( 1979-1980

12.         R. SOEDIHARTO ( 1980-1985 )

13.         DRS. OEMARSONO ( 1985-1995 )

14.         DRS. TJUK SUSILO ( 1995-2000 )

15.         H. BEGUG POERNOMOSIDI ( 2000-2010 )

16.         H. DANAR RAHMANTO ( 2010 – 2015 )

17.         SARWA PRAMANA, SH, M.Si (2015- 2016)

18.         JOKO SUTOPO (2016 -  dumugi sak meniko)

 

 

 

 

 
 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Tambah Wawasan dan Pengalaman dengan FIlm 3D

Purna Tugas Ibu Tarwiyati, S.Pd I

Seru, Hari Pertama Sekolah Semester 2 TA 2022 / 2023